Posts

Showing posts from May, 2017

Sya'ir batal nya puasa Syekh Ahmad Rifa'i

Image
Utawi sekeh batale puoso wilangan Iku limang perkoro wus ginawaruhan Kangdihin nginum tuwin mangan panganan Tuwin jimak tuwin metu mani gegepokan Kelawan Wong wadon kulit kenyataan Tuwin istimna' tuwin metu nyengajane Kapindo moho manjingaken tinamune Sawiji 'ain Maring bolongan mengane Tuwin Tan mengo manjingaken  anane Maring saumpamane utek ginawaruhan Kapingtelu hed tuwin nifas kenyataan Tuwin wiladah kapingpat iku edan Dadiyo kediq pon Edane karusakan Tuwin ayan sedino jumpet Tan jujur Tan batal setengah Dino waras tinutur Kapinglimo iku murtad dadi kufur Batal islame imane Nyoto lebur. (Syekh Ahmad Rifa'i : ri'ayatal himmah,hlm 215)

Sya'ir rukun puasa Syekh Ahmad Rifa'i

Image
Utawi sekeh rukun puoso ginawaruhan Iku telung perkoro anane wilangan Kangdihin Wong kang puoso kenyataan Kapindo niyat saben wengi Ning kebatinan Niyat ingsun ing puoso Wulan romadhone Kapingtelu rumekso sekeh kebatalane Saking dene mangan nginum seumpamane

Syi'ir syarat sah puasa Syekh Ahmad Rifa'i

Image
Utawi sekeh syarat sah linakonan Ingdalem Wong kang puoso Wulan romadhon Iku Patang perkoro anane wilangan Kangdihin Islam ora sah kenyataan Wong kafir puoso sepi ati pangestune Kapindo Aqil ora sah puosone Wong ilang akale sabab edan anane Tuwin ayan tuwin mendem nyatane Kapingtelu putus getih hed nifasan Wiladah dadiyo durung suci adusan Ora sah wong hed nifas wiladah puasan Tetapi wajib qodhi puoso ketinggalan Tan wajib qodhi sembahyang katinggalane Kapingpat waktu tinarimo puasane Ora sah puoso Dino riyoyo rorone Lan telung Dino sawuse adha riyoyo e Ikulah Dino lelimo ora sah tinutur Puasane sarto harom moho milahur Wektune puoso wet fajar shidiq jujur Tumeko surup serngenge Maghrib milahur

Sya'ir syarat puasa Syekh Ahmad Rifa'i

Image
Wicorone hadits nabi utusan Kawilang Syarah ilmu kapartelanan Sekeh syarat puoso kawajibane Iku Patang perkoro tinemu wilangane Kangdihin iku Islam tinamune Tan wajib atas kafir asli Ning dunyane Tetapi Ning akherat sinikso medharat Sabab tinggal wajibe puoso Tan tobat Kapindo baligh ora wajib Tan maksiyat Rare tinggal puoso dadiyo Nemu kuat Tetapi wali tuwin kang dadi gegentine Iku wajib Akon umur pitong tahune Lamon tamyisz sarto Kuwat puosone Kapingtelu aqil ora wajib puosone Ingatase Wong ilang aqale Tan milahur Lan wajib puoso lamon aqale dimoho lebur Lirik wajibe puoso ne wong murtad kufur Kapingpat kuoso atas puoso jujur Ora wajib puoso Wong dhoif nyatane Sabab tuwo tuwin Anom banget larane Tan keno di arep warase kedhohirane Tetapi wajib fidyah beras gegentine Saben dinane sak mud iku tinutur Lamon apes tuo lan Anom loro ngelantor Iku wicoro arep mikir jujur Ojo tinggal syari'at teqsir laku ngawur

Sya'ir Kewajiban & waktu puasa menurut Syekh Ahmad Rifa'i

Image
Wajib puoso Wulan romadhon sabab wilangan Sampurno telong puluh Dino Wulan sya'ban Tuwin ningali tanggal Wulan romadhon wiwitan Lan tetep puoso Wong akeh Wulan romadhon Sabab Ono seksi Wong adil siji nutur Ningali tanggal Wulan romadhon ora ngawur Sawuse nutur Maring qodhi jujur Wajib qodhi iku agaweho masyhur Ikilah dalil hadis nabi : Suumuu liru'yatihi wafthuruu liru'yatihi fain ghumma 'alaikum fa akmiluu 'iddata sya'ban tsalaasina yauman. Ngendiko kanjeng nabi Muhammad utusan Puosoho Siro Kabeh linakonan Kerono ningali tanggal Wulan romadhon Lan bukoho Siro Kabeh memangan Kerono ningali tanggal Syawal wulane Mongko lamon mendung tinemu anane Atas Siro Kabeh peteng paningalane Mongko nyempurnakno Siro sekabehane Wilangan Wulan sya'ban  ginawaruhan Telung puluh Dino ikulah rinetenan

Wujud buroq

Image
Buroq ..... Seperti apa gerangan ? Awake Luwih gede saking himar , luwih cilik saking bighol . Pupune koyo menungso, buntute koyok unto, teracake koyok lembu, dadane koyok yaqut lan jumerut. Suwiwine loro, surine koyok jaran. (Dikutip dari kitab arja)