Sya'ir batal nya puasa Syekh Ahmad Rifa'i

Utawi sekeh batale puoso wilangan
Iku limang perkoro wus ginawaruhan
Kangdihin nginum tuwin mangan panganan
Tuwin jimak tuwin metu mani gegepokan
Kelawan Wong wadon kulit kenyataan
Tuwin istimna' tuwin metu nyengajane
Kapindo moho manjingaken tinamune
Sawiji 'ain Maring bolongan mengane
Tuwin Tan mengo manjingaken  anane
Maring saumpamane utek ginawaruhan
Kapingtelu hed tuwin nifas kenyataan
Tuwin wiladah kapingpat iku edan
Dadiyo kediq pon Edane karusakan
Tuwin ayan sedino jumpet Tan jujur
Tan batal setengah Dino waras tinutur
Kapinglimo iku murtad dadi kufur
Batal islame imane Nyoto lebur.
(Syekh Ahmad Rifa'i : ri'ayatal himmah,hlm 215)

Comments

Popular posts from this blog

Mengenal BARANUSA

Murid-murid KH Ahmad Rifa'i Generasi Pertama.

Nasab dan keturunan syekh Hasan Busyro