Kitab takhyirah Syekh Ahmad Rifa'i

KITAB TAHYIIRON Tanbihun ikilah kitab takhyiroh mukhtashor namane Tarjumah ngilmu syariat Nyataaken ing kalimah syahadad roro lan sah iman Saking Haji Ahmad Rifa’i ibni Marhum Mazhabe syafii Ahli suni thoriqote Bismillahirrohmanirrohim Amiwiti hombo ing kitab iki tarjumah, kelawan nebut asma Allah Kang murah nang dun-ya, kang asih ing wong mukmin teko akhirat Pinaringan sawargo anom urip langgeng nikmat kamulyan Alhamdu lillahi alladzi hadana lihadza wa ma kunna linahtadiya Laula an hadana Allah – utawi sekehe puji iku kagungane Allah Kang nuduhaken ing kawulo sedayane, kerono anuduhaken ing sahe Iman lan sahhe ngibadat , lan ora nono kita sedoyo kerono anuduhaken Ing wong liyane lamon oraho yen anuduhaken Allah ing kawulo sedayane Wassholatu was salamu ’ala rosulihi Muhammad wa ’ala alihi wasuhubihi ajma’in Utawi rohmate Allah lan salame Allah mugi wuwuh atas utusane Allah Nabi Muhammad lan atas kawulo wargane lan shohabate sekabehe. Amma ba’du, anapon sawuse muji ing Allah lan sholawat atas Utusane Allah, moko ikilah kitab tahyiiroh namane tarjumah Ngilmu syariate kanjeng nabi rosul Muhammad, sking Haji Ahmad Rifai Ibni Muhammad syafiiyah madzhabe ahli suni thoriqote nejo Ngelakoni parintahe Allah, loba ngarep-arep ing pitulunge Allah kelawan Berkat nabi kito Muhammad sholla Allah ’alaikhi wa sallam, nyata aken ing Syahadad roro lan sahhe iman lan barangkang taalluq ing iyo kinawe Reringkes supoyo hasil gampang kaduwe wong kang podho bibinahu Ugo wajib ngupoyo ing pertelane kang dadi kacukupan ingdalem sahhe iman Lan ngibadat, kang dadi sebab nemu kabekjan teko akhirat Pinaringan sawargo anom urip langgeng nikmat kamulyan, kawilang didadeaken Ratu mukti ing negoro gede sawargo. Ikilah kalimat syahadad roro sarto katarjumah Asyhadu anla ilaha illa Allah, wa asyahdu anna Muhammadar rosululullah Angawaruhi atiningsun ing satuhune, ora nono pengeran Kang sinembah sabenere, indalem wujude anging Allah. Lan angawerhi Atiningsun ing satuhune nabi kito Muhammad iku utusane Allah Kang tinurunan kitab Qur an kang dadi panutan agomo Islam Utawi rukune Islam iku sawiji beloko yoiku angucap syahadad Roro kang wus kasebut. Utawi rukune iman iku nem perkoro Kangdihin angimanaken ing Allah, kapindo angimanaken ing sekehe malaikate Allah, kapingtelu angimanaken ing sekehe kitabe Allah, kapingpat Angimanaken ing sekehe utusane Allah, kapinglimo angimanaken ing dino Akhir qiyamat, kapingnem angimanaken ing pesthen becik lan olo saking Allah taala Utawi artine iman iku ngestoaken ing barangkang didatengaken dene Rosulullah. Utawi syarat shahe iman lan syahadad iku arep asih Ing sekabehe syariate nabi Muhammad. Utawi batale iman lan syahadad Iku rong parkoro, kangdihin mamang atine ing salah sawijine kang di datengaken Dene Rosulullah. Kapindo sengit atine ing salah sawijine agamane nabi Muhammad. Utawi paedahe sah iman iku dadi pitukune sawargo selamet Ora kekel urip ingdalem neroko. Utawi paedahe wongkang sah ngibadat netepi wajib tinggal maksiat iku telung perkoro. Kangdihin dadi sentoso Imane wongiku kapindo selamet ora disikso ing dalem akhirat kapingtelu Luwih luhur derajate wongiku ingdalem sawargo. Utawi wongkang wus Sah imane lan ngibadate dawam iku pesti ingdalem sawargo Sebab wus ono janjine Allah ning syariate nabi Muhammad. Tinemu sah Imane wongkang ora ngibadat, ora sah wong kang agawe ngibadat kang ora nono Imane wongiku ing dalem atine ikulah kafir munafiq kekel urip ingdalem Neroko lamon tan taubat. Utawi syarat sahe wongkang ginawe guru iku riningkes Rong parkoro, kangdihin ngalim weruh ing panggerane syariate nabi Muhammad Kapindo ngadil riwayat ora ngelakoni setengahe dosa gede ora ngekelake Setengahe harom cilik, aran ngadil riwayat kumpul papat, Islam, ngaqil, Baligh, ora fasiq, ikulah ngalim ngadil, ulil amri kholifah kulma’ cilik Gegentine kanjeng rosululloh, kang wajib ditut panutan agomo Islam Barang sopo wonge ora sah gurune wongiku piakonan, sabab bodo Tuwin ngalim pasiq tan taubat, moko syaiton gurune wongiku sasar brayan Utawi rukune taubat saking kufur, iku telung perkoro, kangdihin mecat Sekehe warnane kufur, dhohir batin wus sah imane Kapindo nelongso, kaping telu ora nejo mbaleni maring stengahe penggawe Kufur. Syarat sahe taubat saking kufur, iku sadurunge wetu ghor-ghor lan Sadurunge metu serngenge sakng maghrib kang dadi tondo awite qiyamat kubro. Utawi rukune taubat saking maksiat, zino atowo nginum sajeng, iku telung perkoro Kangdihin mecat maksiat, kapindo nelongso, kapingtelu ora nejo mbaleni Maring maksiat, kang wus ditobati, lamon maksiat iku tinggal wajibe Sembahyang, atowo tinggal puoso wulan romdlon, atowo tinggal Aweh zakat, moko wuwuh rukun saparkoro malih, yoiku qodlo sembahyang lan qodho puoso, lan qodlo aweh zakat, menkono ugo ghosab ing artane menungso , iku wuwuh rukun saparkoro malih, arep mangsulaken arto maring kang duwe, atowo anjaluk ing halale, lmon ridlo moko lepas perkarane. Utawi khobar iku telung panggonan, kangdihin iku khobar shidiq, kapindo iku Khobar ikhtimal, kapingtelu iku khobar kizib. Utawi pertelane khobar shidiq Yoiku khobare poro nabi sumowono rosulullah, lan khobar mutawatir lan Khobare wong adil riwayat sumowono adil sarto alim. Utawi pertelane Khobar ikhtimal yoiku khobare wong fasiq lan khobare rare lan wong edan Iku kabeh tan kaparcayaan, utawi pertelane khobar kizib yoiku khobare Wongkang awur-awuran sumowono gorohe kenyataan. Wajib saben mukalaf ngumpulake telung perkoro, syariat, thoroqot, haqiqot. Syariate wong ngibadat Mepeki rukun syarat, sahe toat netepi wajib tinggal maksiat, thoriqote iku nejo Ati maring Allah karidloan, Haqiqote iku amandeng ing kanugerahane Allah Benere dhohir batin saking Allah tulungan. Syariate wong nenandur lan Dedagangan, iku arep anut ing sahe ning syara’ panggeran. Thoriqote Iku hasile arto ginawe tulung bekti ing Allah. Haqiqote iku Amandeng ing Allah tulungan, solah tingkah dhohir batin saking Allah Panguasane. I’lam weruho siro Ing satuhune aran aulia Allah murtabate iku telung parkoro Supoyo hasil siro temen ing sahhe Mepeki syarat lan nampik saking kafir munafik imane mardud, kangdihin Waliyullah ngawam, yoiku wong kang sah imane dadio pasik kinasih Dene Allah, sawargo pinaringan lan senadian sinikso ingdalem neroko Ba’dal hisab manjing sawargo sebab barkate sah imane beloko. Kapindo waliyullah khowash yoiku wong ngadil sumowono ngadil sarto alim Luwih luhur derajate, ora ngelakoni setengahe dosa gede, ora ngekelaken setengahe Harom cilik, wajibe amarnoho sakuwasane linakonan, nedohi saking harom Majlisan, naliko tan kuwoso nyegah saking anane mungkar, milih lungguh halal Panggonan, ugo kuoso nyegah saking kang dadi harome majlisan duwe piyagem Indalem panggerane ngilmu syariat, iku teko akherat manjing sawargo selamet Ora sinikso kang wus janjine Allah ning syariat. Kaping telu waliyullah Khowasul khowas luwih luhur derajate mungguh Allah yoiku Sifate ngadil sarto ngalim langgeng ma’rifate ing Allah netepi wajib Ngedohi maksiat dholhir batin kereono Allah tan kasengsem ing lazdate dun-yo Lan nuduhaken ing wong kabodohan dedalan bener maring Allah, nindaaken ing Amar makruf nahi mungkar sakuwasane, wong awam diajar ngelmu syariat Munfa’at akherat ginawe masyhur, langgeng syukure dhohir batin maring Allah, tan duwe tingal ing liyane Allah, anging Allah siji sabenere pangeran Amandeng ing thoate saking Allah kanugerahan barang opo penggawene dewe Lan penggawene liyane atas Allah tingale dalem atine, ikulah sifate Waliyullah khowasul khowas. Ikilah qur an nutur ing sifate auliya’ Alaa inna aulia Allahi laa khaufun ’alaihim wa laa hum yakhzanuna Alladzina amanu wa kaanu yattaquna. Anoto ora weruh ing satuhune waliyullah Iku ora wedi khuwatir sabab sentoso imane ingdalem atine Ingatase waliyullah iku kabeh lan ora nono waliyullah iku kabeh perihatin Ingdalem akhirat pinaringan sawargo selamet ora sinikso, utawi sekehe waliyullah Iku kabeh sah imane jazem pangestune atine ing Allah lan Ing Rosulullah, mepeki ingkang dadi syarat sahe iman lan thoat lan Ono waliyullah ikukabeh podo wedi lan asih waliyullah iku kabeh ing Allah Dhohir batin ngenggoni ridlone Allah pangeran barang opo ing Sawiji tingale ing Allah panggawene. Utawi wongkang luwih kinasih Dene Allah iku sabab luwih wedine wongiku ing Allah. Ikilah Dalil Qur an kalamullah ta’ala Inna akromakum ’inda Allahi atqokum Satuhune luwih mulyoniro kabeh kang kinasih mungguh Allah Iku luwihe wedi niro kabeh ing Allah netepi wajib tinggal maksiat Ngenggoni ngadil dadi waliyullah khowas koyo wicarane ngarep Wus kapartelanan. Ikilah janjine Allah ingdalem qur an Wa’adallahul mu’miniina wal mu’minati jannatin Wus janji Allah ing sekehe Wong mu’min lanang lan sekehe wong mu’min wadon ing sawargo Panggonan langgeng anom kahuripan luwih nikmat kaluhuran, ikilah Dalil qur an Saabiqu ila maghfirotin min robbikum wa jannatin ’ardluha Ka’ardhissamaai wal ardli u’iddat lillazdina amanu billahi Wa rosulihi dzalika fadlullahi yu’tihi man yasyau wallahu Dzul fadlil ’adhim Podo gancangan siro kabeh laku maring Taubat nyuwun ngapuro saking dosane saking pangeranniro kabeh sarto Agawe thoat lan maring sawargo dedalane kang di ambah jembare sawargo Koyo jembare antorone langit lan bumi yoiku lakon limang atus tahun Lamine iku cinawisaken nggon langgeng anom urip kaduwe Sekehe wongkang sah jazem iman angistoaken ing Allah kang paring Allah ngarsaaken ing wongiku pinaringan sawrgo. Utawi Allah iku kang Duweni kanugerahan kang agung. Qolallahu ta’ala wama hadzihil Hayatuddunya illa lahwun wa la’ibun wa innad darul akhirota lahiyal Hayawanu lau kanu ya’lamuna. Ngandiko Allah ta’ala ingdalem Qur an lan ora nono ikilah kahuripan dunyo inging lahan lan ameng-amengan Tinemu dunyo munfangat ingdalem akherat nulungi ing ngibadah lan satuhune Negoro gede akherat sawargo yekti yoiku satemen-temene urip anom Langgeng nikmat kamulyan lamon ono wongiku kabeh weruo jazem pengestune Ing Allah ning qur an pejanjian moko tentu ngupoyo sawargo langgeng anom Kahuripan ngesahaken iman mepeki rukun syarat netepi wajib ngedohi Maksiat dhohire anut ing syariate nabi Muhammad pitwane ngalim Ngadil di i’timad ati kegiungan ing Allah kungerahan lan rohmat Sekadar kuasane ma’rifate ing Allah lan kasyukurane ikilah Quran nutur kinasih dene Allah ta’ala Allaho waliyyul lazhina amanu yukhrijuhum minad dhulumati ilannuri Utawi Allah iku kang asih tulung kabecikan ing sekehe wongkang mukmin Kabeh jazem pangestune ing kitab qur an ngistoaken ing Allah, mukmin Kabeh sah imane mepeki syarat saking pepeteng sasar maring padang Waspodo makrifate ing Allah tan mamang ikulah mukmin kawilang waliyullah Netepi wajib tinggal maksiat koyo ngarep wus kapartelanan Afaman syarohallahu shodrohu lil islami fahuwa ’ala nurin min robbihi Anoto ora weruh moko sopo wonge ambukaaken Allah ing atine wongiku Padang kerono islam masrahaken dhohir batin maring Allah anut Ing Nabi Muhammad utusan, i’timad ing ngalim ngadil pituturan, moko Yo wongiku oleh pituduh atas nemu padange iman saking pangerane Ikulah kawilang waliyullah kinasih dene Allah ta’ala, lamon siro Arep akeh pangawaruhe ing pertelane ngilmu syariat telung perkoro kang Wajib saben mukalap ngupoyo sarto dingamal sakuwasane yoiku ngelmu usul Fiqih tasawuf, moko ningalono siro ing tarjumahku kitab husnul mitholab Rolas kuras wilangane tuwin kitab nadlom jam-ul masail Songolas kuras tuwin kitab asnal miqosad nadlom tarjumah Telung puluh kuras luwih akeh wicarane ngilmu Syariat lan luwih jembar malih akeh dalil qur an hadis ijma’ Kasurat lamon siro ningalono ingdalem kitab kita nadlom abyanal hawaij Wolung puluh roro wilangan kurasan Insya Allah ta’ala Nemu akeh partelane ngilmu teluh parkoro usul fikih Tasawuf kelawan tulung Allah barkat nabi kita Muhammad Rosulullah Sholla Allaho alaihi wa sallam panutan agomo islam, barang sopo wonge Nyalahaken ing ikilah ngilmu syariat tarjumah moko wajib awehe Maring kita partelane ojo kandek harom ghoibah gede Dosane ugo iku kelakuhane wong munafiq kupur ora duwe hujjah Sabenere ngilmu syariat suki harom ngerasani olo ning burine Ngalim ngadil nindaaken agamane Allah lan rosulullah kholifah kulma Cilik gegentine kanjeng rosulullah datengaken syariat merdi ing wong Ngawam ingdalem sahe iman lan to’at, kang dadi pepek syarat sah Kawulangan. Wallahu a’lam utawi Allah iku kang angudanaini ing kawulane Olo becike tan kasamaran. Wa billahit taufiq lan kelawan Allah kang Tetulung ing dholhir lan batin ingdalem sahe iman lan sahe Ngibadat lan ora nono kang paring pituduh dedalan bener kabekjan anging Allah pengeran kang sifat kamalah. Tammat ikilah kitab Takhyiroh Mukhtashor arane, dalem dino jumat songolas dino Jerone wulan muharram tahun wawu Hijrah Naba Muhammad SAW Sewu rong atus Suwidak limang tahunan Wa shollallohu ’ala Muhammad Wal hamdulilllahi Robbil ’alamin

Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

Mengenal BARANUSA

Murid-murid KH Ahmad Rifa'i Generasi Pertama.

Nasab dan keturunan syekh Hasan Busyro