Sya'ir syarat puasa Syekh Ahmad Rifa'i

Wicorone hadits nabi utusan
Kawilang Syarah ilmu kapartelanan
Sekeh syarat puoso kawajibane
Iku Patang perkoro tinemu wilangane
Kangdihin iku Islam tinamune
Tan wajib atas kafir asli Ning dunyane
Tetapi Ning akherat sinikso medharat
Sabab tinggal wajibe puoso Tan tobat
Kapindo baligh ora wajib Tan maksiyat
Rare tinggal puoso dadiyo Nemu kuat
Tetapi wali tuwin kang dadi gegentine
Iku wajib Akon umur pitong tahune
Lamon tamyisz sarto Kuwat puosone
Kapingtelu aqil ora wajib puosone
Ingatase Wong ilang aqale Tan milahur
Lan wajib puoso lamon aqale dimoho lebur
Lirik wajibe puoso ne wong murtad kufur
Kapingpat kuoso atas puoso jujur
Ora wajib puoso Wong dhoif nyatane
Sabab tuwo tuwin Anom banget larane
Tan keno di arep warase kedhohirane
Tetapi wajib fidyah beras gegentine
Saben dinane sak mud iku tinutur
Lamon apes tuo lan Anom loro ngelantor
Iku wicoro arep mikir jujur
Ojo tinggal syari'at teqsir laku ngawur

Comments

Popular posts from this blog

Mengenal BARANUSA

Murid-murid KH Ahmad Rifa'i Generasi Pertama.

Nasab dan keturunan syekh Hasan Busyro